Postingan

Gambar
Nyinau Geguritan Geguritan yaiku puisi kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. jumlah larike ora ditentokake utawa bebas, yen arep gawe geguritan pinter-pintera anggonmu milih basa kang arep digunakake, bisa uga nggunakake purwkanthi ing sajroning geguritan. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak luwih arkhais basa geguritane.  Paugerane geguritan: 1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. 2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik. 3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae. 4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane. Babagan kang uga penting: 1. Nada Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit, sing arep diekspresiake marang pamaca. Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah, lan sapanunggalane. 2. Suasana Suasana batin pamaca, akibat s...